Kamis, 10 Maret 2011

Pidhato Bahasa Jawa

           PIDHATO
            
Bapak Kepala Sekolah saha Bapak Ibu Guru ingkang kawula hormati, Bapak Ibu wali murid SD Muhammadiyah I Sidoarjo ingkang sepindhah, mangga kita ngaturake puji syukur dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung, ingkang sampun  nglimpahaken kasaran dhumateng kita saengga saged pepanggihan ing adicara punika.
            Ing ngriki, kula minangka pangarsa panitia pengetan dinten Kartini, ngaturaken agunging panuwun dhumateng sedaya  undhangan ingkang sampun kersa angrawuhi adicara punika. Mugi – mugi adicara punika saged lunampah kanthi rancag boten wonten alangan punapa – punapa.
            Para rawuh, adicara punika minangka raos hormat dhumateng satunggaling pahlawan wanita ingkang sampun njejegaken tekad merjuwangken kaum wanita. Kanthi perjuwanganipun R.A Kartini, kita kaum wanita ngoyak kuwajiban sarta hak sajajar kaliyan kaum priya. Kasunyatan ing mangsa punika kaum wanita sampun kasil nglenggahi pinten – pinten jabatan ingkang sadrajad kaliyan kaum priya. Kaum Wanita  sampun boten kaanggep kanca wingking nanging sampun sairing kaum priya. Wanita boten namung wani  di tata nagging ugi wani nata. Pramila boten lepat bilih menawi tanggal 21 April minangka dinten Kartini, dinten jejegipun emansipasi wanita. Ing pengetan dinten Kartini punika badhe kawontenaken pinten – pinten lomba, antawisipun : lomba pidhato Kartini, lomba putrid luwes, lan lomba cerdas cermat. Mugi – mugi Gusti Ingkang Maha Wikan tansah paring nugraha dumateng kita.
            Boten kesupen, kula sakanca nyuwun agunging pangaksami menawi wonten kalepatan, suba sita ingkang kirang mranani penggalih, saha atur ingkang kirang prayogi. Wusana cekap semanten atur kuwala, sapindhah malih nyuwon pangaksami menawi wonten kekiranganipun.
Nuwon.                   

Tidak ada komentar:

Posting Komentar